Teks Kirab Pangarsaning Pawiyatan

Mugi-mugi kawilujengan, katentreman miwah karahayon saking kepareng dalem Gusti ingkang maha linangkung mugia tansah langgeng tumedhak saha tumanduk, kajiwa kasarira wonten ing sangyaning para rawuh, kakung sumawana putri waradin sagung dumadi lestantuning raharja Nuwun,

 Sampun kapiyarsa lampahing para putra putri remaja SMK N 1 Wadaslintang, ingkang kairing para pangarsaning pawiyatan, sinten ta ingkang dados juru nahkodaning pawiyatan. Menika ta piyantun ingkang pideksa sembada ing driya tan mengkoh ing pakewuh, sembada wiratama prawira jayeng palugon. tatag, tangguh, tanggon lan tanggel jawab, kadya senopati ing nalendra menika ta warnane piyantun ingkang lenggah dedalem wonten ing Dusun Ketitang, Kecamatan Jumo Kabupaten Temanggung, inggih panjenenganipun Bpa. Jupriyono S.Pd.MPd, Dene wonten ing pawiwahan menika kadereaken para pambiyantu nenggih ingkang ngasta kurikulum panjenenganipun bpa Catur Wijayanto, Spd…Ingkang ngasta kesiswaan panjenenganipun bpa Sidik wardaya, S.Pd., Ingkang Ngasta Sarpras panjeneganipun Bp Fardian S.T…Ingkang ngasta Humas panjeneganipun ibu Tri Lestarai, S.Pd.MM,. saha ingkang ngasta ketenagaan Bpa. Abdullah S,Pd…..Kadereaken Ketua Komptensi jurusan TITL Ibu Yuli Novita Sari, S.Pd, Ketua kompetensi TKRO Bp Hajar Anwari S.Pd, S.Pd,..Ketua kmpetensi RPL Bp Ahmad Sakir Maksum, S.T,.Ketua Kmpetensi TB Ibu Puji Ernawati,S.Pd,.Saha Ketua Kompetensi APAT Ibu Nanik Endarwati, S.Pi ugi kadereaken bpa/ibu guru saha karyawan smk n 1 wadaslintang.

KIRAB SISWA

……Hanenggih ingkang kacarita ing madyaning pawiwahan wonteng ing  tlatah dusun trimulyo, wonten satunggaling pepanggihan ageng hanenggih upacara atur pamit.

Dena sampun tumekaning wahyaning mangsa kala, dumawahing kodrat saking kuasanipun gusti ingkang murbeng dumadi. ndungkap wanci ingkang piniji wulan ingkang pinilih,

titi mangsa Sabtu Pahing, 6 Mei 2023, Prastawa Agung dumadi,  Para siswa tataran ahir nedya paripurna

Mangkana kalamun cinandra pambarisaning para siswa ingkang hamijil saka sasana Palereman, tinon saking mandrawa prasasat kumambanging layon, kadya sekar kang kentir nut ilining tirta, alon-alon sajuga kang jinangka. Sapandurat kadya semut lumampah ing selaning watu.

Candra putra

Kocap kacarita. Ing mangkeh kasusul lampahe para putra remaja. Lampae sami kumepyar mawa prabawa, kentar2 winar gondo wida, hasumirat hambababar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela, pranyata tejane para remaja putra putra SMK Nagari 1 Wadaslintang ingkang ugi bade atur pamit.

Mubyar2 busanane, sami ngagem busana kang edi peni lamun kadulu katon agung, mrabu miwah mrabawa, agung tegese kebak kangendahan kang sanyata adiluhung, dene prabu tegese pinda jejering nalendra, kebak ing kawibawan luhur, mrabawa ateges sinung edi endah milangoni. Dampyak2 ingkang lumaksana, ing pangajap hamung tumunten atur pamit

Dhasare  Para siswa angagem busana kang sarwa edi peni beneh klayan padatan, mula datan mokal kalumunta saya katingal mencorong guwayane, mracihnani kalamunta bombong penggalihe, sinaosa yektine wonten raos trenyuh kang sumimpen ing telenging nala… awit…., datan dangu bakal pinisah klawan bangkuning pawiyatan kang banget den tresnani……, pinisah klawan para rowang…, kepara pinisahake klawan Bapa-Ibu Guru kang wus tigang warsa lawase anggulawenthah, mulang wuruk saha medharke ngelmu kang yekti migunani minangka sanguning gesang ing tembe wuri… . Dene para dwija hanamung saget paring panjurung pandonga, mugia para siswa tansah pinaringan berkahing gusti inggkang maha agung sageta mikul dhuwur mendhem jero derajatipun tiang sepuh.

panyandra putri

Henenggih kang kacarita, sintenta kang dawek sami lumksana, lah punika ta warnane para putri siswi smk nagari 1 wadaslintang ingkang bade atur pamit, karana sampun kasembadan gennya sami ngudi kawruh,

 dasar wanodya kang tasih muda tumaruna, bebasan puspita kang nedeng2 mangurah sari, rinengga busana pinatek sesotya mawa retna, tanhamung busana limrah ananging busana kang pinilih, pating geblyar pateng karelip kadyo kedeping kartika sasra ana ing madyaning antariksa.

 Samia galak ulat tajem polatane, gandes luwes merak ati, sesolae hamtesi, amimbuhi sulistyaning warni, adamel reseping kang sami hamulat, lon-lonan dennya lumaksana, antut runtut prasasat langkahnya den itungi, solah bawane sarwi wirama lirining netra.

Ing selaning esem kang manis sinungging lathi…., jroning tyas angunandika sagung para siswa kang bangkit paripurna……..

Dhuh Bapa-Ibu Guru…., sepinten ta bombonging manah kula ing ri kalenggahan punika, dene idham-idhaman ingkang ginadhang sakdanguning tri warsa kapengker, pranyata sampun dados kasunyatan…

saEstu, kula mboten saged paring lintu sambet pangorbanan Bapa Ibu Guru…. kejawi atur sapala wujud pandonga kunjuk wonten Ngarsa Gusti ingkang Maha Hayu… Mugi Gusti paring Lintu ingkang satraju jumbuh pangorban panjenengan Bapa Ibu

 Guru…………………, kepara ing kalodhangan mirunggan punika…, Idi, Restu saha Pangestu panjenengan dahat kula antu, minangka tambahing kekiatan anggen kula badhe nerasaken lampah manjing Pawiyatan Luhur,menapa dene ambyur wonten jagading sesrayan/bebrayan agung.

Saya laju tumapaking pada barisaning para siswa manjing Sasana pinajang, saperangan wus ana kang manjing sasana piniji, nanging kawuryan saperangan maksih wonten ingkang katemben mijil saka wiwaraning sasana palereman, awit saka dawaning pabarisan.

Mangkana ingkang wus prapteng unggwan piniji sasana wisuda, samana gya apacak baris salajur sisih,

Awit saking edi endahing busana kang rinengga, datan paja-paja barisaning para siswa sasat barisaning para Hapsara-Hapsari kang lagya aglar ing repat kepanasan… Saha datan  dangu tumunten anampi Serat Kekancingan  minangka tandha kalamun wus Lulus denya ngangsu kawruh ing Pawiyatan Madya mligi,

Kanthi kairing sewu restu, idi saha pangestu sagung adi lenggah ingkang winantu ing suka Basuki, andherekake para siswa manjing sasana pinajang. Raos mongkog sumimpen jroning wardaya, dene wus jumbuh kang ginayuh, sembada kang sinedya… impen lan lelamunan wus bangkit dadi kasunyatan,

Ing netra gawang-gawang gegambaran endah  kang bakal dumadi. Duwuring panjangka lan dawaning gegayuhan bakal tumuli mekrok pindha sekar kang mekar ing tetamanan.

Dadi  kusumaning Bangsa kang angambar kongas arum gandane, nuhoni wasita adi sabdane Dwija sejati kang wus njempana ing ngawiyat nenggih Ki Hajar Dewantoro. “Ing ngarsa sung tuladha – Ing madya mangun karsa – Tut wuri handayani”

kalamunta ing tembe kapinujon Gusti paring nugraha jumejer minangka Pangarsa, bisaha dadi panutan lan pangayoman tumrap sagung kawulane. Kalamun kapinujon jumejer minangka pamadya, bisaha hamemangun saha anyengkuyung apa kang kinersakake sagung pangarsane. Lan kalamun kapinujon amung jumejer minangka kawula alit kang mapan ing wuri bebasane, tetepa bisa handayani…ya ing kono jlentrehing tembung Manunggaling Kawula Gusti, kang kalamun wus bisa cinipta, bisa mahanani bagya mulya manggih Raharja.

Nalika semana lampahing para putr/putri wus prapteng umyaning kang den tinuju sigra sinawang mapan ing sasana pinajang/pangrantu. Tumunten sami samekta ing diri, siaga ing gati hamngrantu tumakaking adicara. Sagung adi lengah ingkang winantu ing suka basuki, kawuryan pambarisaning para siswa wus pepak manjing sasana pinajang, ingkang punika katur para-para ingkang kajibah anindakaken jangkeping upacara atur pamitan, kepareng tumunten siaga ing karya.

Penulis: Danang Priyatmojo, S.Pd

About the Author

Leave a Reply

You may also like these